Skip to main content

Posts

Showing posts from May, 2015

Poligami dan Sapi

Absen sik...ben gak tambah sepi.... Guyonan isuk sinambi ngopi. Jaman pak Harto sik presiden ndisik sering  mengajak Gubernur sak Indonesia nek bar rapat koordinasi mesti diajak nang Tapos dipameri peternakan sapine. Bar dibriefing pak Harto mesti bapak2 & ibuGubernur mau dijak mlaku keliling Tapos karo dijelasno jenis & keunggulan sapi2 mau, sing njelasno pemandu ahli kono. Pemandu : "Kalau sapi pejantan yang ini dari New Zealand, kuat sekali kalau lagi musimnya, bisa kawin sehari 5 kali". Ibu-ibu gubernur nyenggol bojone karo bisik-bisik : "Lho pak, kuat ping limo lho sedino". Pemandu : "Kalau yang ini sapi pejantan dariAustralia, lebih kuat lagi bisa kawin 10 kalisehari". Ibu2 tambah rame bisik2 karo bojone : "Lho pak, kuat ping sepuluh lho padahal cuma dipakani suket lho". Suwe-suwe bapak-bapake mangkel juga dibanding2-no  terus karo sapi,.... Lha Gubernur Jawa Timur takon ambek pemandu mau : "Mas, itu kawinny

Dokter Gigi

Absen sik..sik gak sepi... DOKTER : Mbah, untu sampeyan wis ompong, tak pasang untu sing anyar yo ??  MBAH Pri:Yo  oleh, tapi regone piro ?  DOKTER: Murah kok mbah...  MBAH Pri: Larang ra popo Dok, piro to?  Bar untune dipasang, mbah pri mbayar nang dokter. MBAH Pri: Iki Dok, tak bayar 2 juta!!! Bar ngono Mbah Pri langsung klunuh klunuh mulih...... Let sedhilut Doktere mbengok. DOKTER : Mbah ! Mbah ! Entenono !! MBAH Pri: lha opo Dok, dhuwite kurang taah?? Mbah pri  langsung mbukak dompete arep ngewehno tambahan dhuwit. DOKTER : "Ora mbah, iki lho dhuwite.... dhuwit palsu mbah.....!!! MBAH Pri : Lha sing sampeyan pasang opo untu asli ??!! Lak podho palsune toh....? DOKTER :  😡 wong eediiaaaaaannn...

Pahlawan Akhir Bulan

Pahlawan Akhir Bulan