Absen sik..sik gak sepi...
DOKTER : Mbah, untu sampeyan wis ompong, tak pasang untu sing anyar yo ??
MBAH Pri:Yo oleh, tapi regone piro ?
DOKTER: Murah kok mbah...
MBAH Pri: Larang ra popo Dok, piro to?
Bar untune dipasang, mbah pri mbayar nang dokter.
MBAH Pri: Iki Dok, tak bayar 2 juta!!!
Bar ngono Mbah Pri langsung klunuh klunuh mulih......
Let sedhilut Doktere mbengok.
DOKTER : Mbah ! Mbah ! Entenono !!
MBAH Pri: lha opo Dok, dhuwite kurang taah?? Mbah pri langsung mbukak dompete arep ngewehno tambahan dhuwit.
DOKTER : "Ora mbah, iki lho dhuwite.... dhuwit palsu mbah.....!!!
MBAH Pri : Lha sing sampeyan pasang opo untu asli ??!! Lak podho palsune toh....?
DOKTER : π‘ wong eediiaaaaaannn...
Comments
Post a Comment